Wednesday, 3 August 2016

Geguritan Jawa

Katresnan
Katresnan iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso digawe nanging ora biso digawe-gawe

Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu

Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open

Katresnan iku larang regane ora biso dituku
Lan ditiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa

Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang gogrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan 

Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae 

Katresnan iku prayata umur tuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip ...




SINOM
Tembang sinom pangeran katon
Nyangking rina wengi mbabar lelakon
Rikolo bayi banyu gege wus keprabon
Najan gede nanging jiwa isih enom
Bedane wus ora turu nang pangkon
Pindo lakune dina mangulon
Satindake dadi lakon
Satindake dadi pitakon
Ywa nganti luput dadi layon.
Sinom: Si-enom, nom-noman, remaja 

Terjemah:
Nyanyian Remaja bagai penampakan sang pangeran
Membawa siang malam, membuka cita-citanya
Di saat bayi dimandikan dan menjadi remaja
Meskipun besar jasmaninya tetapi jiwanya masih muda
Yang membedakan, tidurnya tidak lagi dipangkuan
Seperti hari-hari berjalan ke arah barat
Setiap tindakannya menjadi lakon
Setiap tindakannya menjadi pertanyaan
Jika tidak hati-hati dapat tidak tertolong
.


No comments:

Post a Comment